KAWRUH BASA JAWA
TEMBUNG
SAROJA yaiku tembung
loro padha tegese digandheng dadi siji, ngemu surasa akeh utawa mbangetake.
Tuladha
:
1. Ayem tentrem : ayem banget
2. Gagah prakosa : gagah banget
3. Sayuk rukun : rukun banget
4. Adi luhung : apik banget
5. Babak bundhas : tatune akeh banget
TEMBUNG
ENTAR yaiku tembung sing tegese dudu teges
salugune.
Tuladha
:
1. Abang kupinge : nesu
2. Adus kringet : olehe nyambut gawe rekasa banget
3. Dawa tangane : clemer (seneng nyolong)
4. Lunyu ilate : mencla-mencle
5. Wedi getih : jirih
TEMBUNG
GARBA yaiku tembung loro kang digandheng
nanging wandane disuda.
Tuladha
:
1. Ana –
ing : aneng
2. Prapta – ing : prapteng
3. Nara – endra : narendra
4. Mara – ing : mring
5. Prawira – ing : prawireng
TEMBUNG
DASANAMA yaiku
tembung-tembung kang tegese padha.
Tuladha
:
2. Angin : bayu, maruta, samirana
3. Banyu : ranu, tirta, warih
4. Gunung : wukir, aldaka, ardi, arga
5. Segara : jaladri, samodra, jalanidhi
SANEPA yaiku unen-unen sing ngemu teges kosok balen.
Tuladha
:
1. Abot kapuk : entheng banget
2. Kuru semangka : lemu banget
3. Legi bratawali : pait banget
4. Arum jamban : bacin banget
5. Landhep dhengkul : bodho banget
Sumber : Copas dari Blog sebelah
Sumber : Copas dari Blog sebelah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar